Tags:
uncategorized
Lirik Syi'ir Pati
Syi'ir Pati
Ayo bolo konco seiman sedoyo,
Dulur islam jaler estri anom tuwo,
Mumpung isih urip ono alam dunyo,
Amal soleh ayo podho ditingkatno.. x2
Ayo iling kito kabeh bakal lungo,
Budhal soko omah nuju omah guo,
Kapan dino lan wektune wes tumeko,
Kito kudu budhal gak iso semoyo.. x2
Den sandangi pakaian kang sarwo putih,
Den iring poro dulur tonggo lan batih,
Yen wis budal terus ora bakal mulih,
Ra perduli ing omah ninggal kekasih.. x2
Den budalno marang papan panggonane,
Omah kang peteng ora ono lampune,
Omahe buntu ora ono lawange,
Turu ijenan ora ono kancane.. x2
Omahe den tutup nganggo blabak panjang,
Nuli den uruki lan den siram kembang,
Poro sanak famili kang podho sambang,
Podho nangis koyo wong kang lagi nembang.. x2
Kapan wis rampung sing ngiring podho mungkur,
Nuli den tekani malaikat kubur,
Tugase takon opo kang kito tandur,
Bagus lan olo kecatet lan ketutur.. x2
Ning dunyo nandur bagus nemu baguse,
Yen nandur olo yo nemu walesane,
Mongko sedulur podho kito ngatahke,
Amal soleh ben slamet dunyo akhirate.. x2
Back to posts
Comments:
Post a comment
Lirik Syi'ir Pati
Ayo bolo konco seiman sedoyo, Dulur islam jaler estri anom tuwo, Mumpung isih urip ono alam dunyo, Amal soleh ayo podho ditingkatno.. x2
Ayo iling kito kabeh bakal lungo, Budhal soko omah nuju omah guo, Kapan dino lan wektune wes tumeko, Kito kudu budhal gak iso semoyo.. x2
Den sandangi pakaian kang sarwo putih, Den iring poro dulur tonggo lan batih, Yen wis budal terus ora bakal mulih, Ra perduli ing omah ninggal kekasih.. x2
Den budalno marang papan panggonane, Omah kang peteng ora ono lampune, Omahe buntu ora ono lawange, Turu ijenan ora ono kancane.. x2
Omahe den tutup nganggo blabak panjang, Nuli den uruki lan den siram kembang, Poro sanak famili kang podho sambang, Podho nangis koyo wong kang lagi nembang.. x2
Kapan wis rampung sing ngiring podho mungkur, Nuli den tekani malaikat kubur, Tugase takon opo kang kito tandur, Bagus lan olo kecatet lan ketutur.. x2
Ning dunyo nandur bagus nemu baguse, Yen nandur olo yo nemu walesane, Mongko sedulur podho kito ngatahke, Amal soleh ben slamet dunyo akhirate.. x2